Film laga
Filem laga, filem perang, utawa filem aksi, yaiku lagak (genre) filem sing akèh nuduhaké lakon uber-uberan, gegelutan, bedhil-bedhilan, bledhugan, lan bayadéya (stunt).Apa-apa sing agawé sawijiné filem bisa diarani filem laga isih dadi dedebatan dening para nimpuna kawit 1980-an. Sawetara nimpuna kaya David Bordwell, ndarbè panemu yen filem laga luwih nggatèkaké tongtonan sing kebak adegan ‘wah’ tinimbang crita. Liyané, kaya Geoff King, ngandharaké yen filem laga nglarasaké tongtonan sing kebak adegan ‘wah’ iki murih cocog tumrap lumakuné crita. Filem laga akèh dicambor karo lagak-lagak liya, kaya filem dhagelan, filem rekan èlmiyah, lan filem wewedèn.
Tetembungan “filem laga” utawa “filem laga lembara” (film laga petualangan) wis dianggo kawit 1910-an. Miturut teges kala samana, aran iki diguna kanggo filem sing wujud bebarengan karo jaman New Hollywood lan metuné antiwira ing filem Amérika ing 1960-an lan 1970-an sing kaprabawa filem-filem perang, kadurjanan, utawa filem koboi. Sawisé lagak-lagak iki, banjur metu apa sing diarani “periode klasik” ing 1980-an. Sawisé kuwi ana jaman pascaklasik yaiku nalika filem laga Amérika kaprabawa dening filem-filem laga saka Hong Kong, uga dening filem-filem sing wis akèh nganggo citra riptayasan komputer (CGI). Sawisé ana trajangan 11 Sèptèmber, lagak iki bali menyang wujud mula-mulané kanthi metuné filem Kill Bill lan The Expandable.
Scott Higgins nulis ing Cinema Journal ing 2008 yen filem laga minangka salah sawijiné lagak filem mangsapadha (kontemporer) sing kaloka nanging uga sing paling akeh dicecampah, kandhané, “Jroning wacana ilen utama (mainstream discourse), lagak iki tansah dicecampah amarga luwih nggatèkaké tontonan sing ‘wah’ tinimbang nata crita kanthi apik.”[1] Bordwell nyarujuki ing bukuné The Way Hollywood Tells It, nulis yen lagak iki dianggep minangka “pralambang tumindak Hollywood paling ora pakra”.