Bis Raya Tumunggal
Bis Raya Tumunggal, Bus Raya Terpadu, utawa Angkudan Raya Birid Marga [1] ( Inggris: Bus Rapid Transit , BRT ) yaiku tata angkud moda raya nganggo bis sing rikad, kepenak, lan murah minangka angkudan pakuthan. BRT lumaku ing dalan mligi lan leladen becik kanggo naraguna. Sak temené leladen iki diusung saka sipat andel sing ana ing tata angkud modhèren birid rel, nanging kanthi béya luwih murah. [2]
Ing Indhonésia, BRT luwih diwanuhi kanthi tata aran “Bus Raya Terpadu” (Bis Raya Tumunggal) tinimbang “ Bus Rapid Transit”. Tetembungan BRT ing Jakartah uga sok-sok klèru diarani Busway (tegese uga dalan mligi BRT ing Jakartah). [3]
Bus rapid transit nganggo perangan jeneng rapid transit kanggo njlèntrèhaké angkudan rel kanthi daya tampung gedhé. Sepur rapid transit lumaku jroning trowongan sor lemah, lan umumé mawa gerbong dawa, rutene cendhak, tur tumeka saben wetara menit. [[Berkas:Curitiba_04_2006_06_RIT.jpg|jmpl|250x250px|BRT Curitiba minangka BRT pisanan ing donya]] Nanging, kacepetan BRT ora memper kaya rapid transit liya. Akèh-akèh BRT kacepetan rata-ratané mung 19-48km/jam.
Sapréné, Transjakarta minangka jaringan BRT paling gedhé sadonya, kanthi dawa rute 2.309 kilomèter (1.435 mil), nyambungaké maneka papan panggonan ing kutha Jakartah. [4]
- ↑ Ibrahim <sanimalikibrahim[at]gmail.com>, Sani Malik. "Dirjen Hubdat Sosialisasikan SPM Angkutan Berbasis Jalan Kepada Pemerintah Daerah". dephub.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2022-01-28.
- ↑ Wright, Lloyd. "Bus rapid transit: a review of recent advances". Urban Transport in the Developing World. doi:10.4337/9781849808392.00025.
- ↑ GridOto.com. "Mau Tahu Bedanya Busway dengan Transjakarta? Supaya Enggak Gagal Paham - GridOto.com". www.gridoto.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2022-01-28.
- ↑ "Koridor". Transjakarta.